CONTOH PIDATO B.JAWA TENTANG IDUL ADHA

.
.


Assalamulaikum sobat, pada kesempatan ini saya akan memberikan contoh pidato b.jawa. sehingga memudahkan bagi siswa yang mendapatkan tugas dari guru sekolahan, oke langsug saja yang ingin simak di bawah ini :

PIDATO TENTANG HARI RAYA IDUL ADHA

Assalamualaikum wr. wb.

Poro rawuh ing kang mulya,
mangga samiya netepi taqwa dumateng Allah S.W.T, tegesipun tansah anderek dumateng dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun. Lan mangertoso bilih sekedap malih kita bade mlebet wonten ing wulan ing kang agung. Yakni wulan Dzulhijah, wulan  Dzulhijah puniko termasuk wulan ing kang mengku keutamaan-keutamaan.

Setengah saking keutamaan-keutamaanipun inggih punipo arupi wontenipun riyaya qurban utawi Idhul Adha. Wonten ing wulan puniko ugi minangka wulan ing kang Gusti Allah remen sanget  menawi kawulanipun sami ngatah-ngatahaken amal sholeh lan takhorub dumateng Allah.
Kados dawuh ing setunggal diriwayataken saking sahabat Ibnu Abbas R.A, Rasulallah SAW dawuh:
“Ora ana dina-dina kang amal sholeh iku luwih demenaken marang Allah tenimbang dina-dina iki, yakni sepuluh dina wulan Dzulhijah”

Ora ana dina-dina kang luwih demenaken marang Allah yen den gawe ibadah tinimbang sepuluh dinane wulan Dzulhijjah. Puasa saben dinane madani puasa setahun lan olihe jumeneng ibadah ana saben-saben wengine madani jumenenge ibadah ana wengine lailatul qadar.

Mila lumantar makna hadits ing duwur, mangga samiya anggugah bates kito sami dumateng ibadah Qurban ing kang agung sanget fadilahipun.

Wassalamualaikum Wr. Wb..
.
.

Masukkan email untuk berlangganan artikel terbaru

0 Response to "CONTOH PIDATO B.JAWA TENTANG IDUL ADHA"

Posting Komentar